Selamat datang di blog ku
Hello! Myspace Comments

Minggu, 18 Desember 2011

Layangan

| |

ing tengah bulak
wayah ketiga ngerak
anteng mbrengengeng
kinubengan langit biru tanpa sesulak
mega putih tipis tipis
mesem krungu tembang kekidungan
ngundang barat gedhe ,ngancik wayah sore

tangan tangan kasar
ngelur kenur, dodogane mumbul
anteng mbrengenge sowangane
pak tani ayem
panggone bingar

srengenge angslup
layangan mudhun, warna peteng tumurun
cumanthel cagak, ngaglah
kasentor ublik katon gagah
pak tani bungah

iki kang daktemu ing kene, mitraku
ngundang layangan tanpa pamrih
benang lan kemenangan
oyak oyakan dluwang
ing kene layangan anteng, sowangan mbrengengeng
kenure senar tanpa gelasan
ana ndhuwur ajak memitran
apa kowe nate weruh

Bendo, akhir September 1972
Dening : Sri Setyo Rahayu

1 komentar:

Ir arriba
Unknown mengatakan...

1. Apa temane geguritan kang judhule “Layangan” iku?
2. Sebutna latar kang aja sajrone geguritan iku!
3. Pesen apa kang dikandhut sajrone geguritan iku?
4. Kapan lan ing ngendi geguritan iku ditulis?
5. Kepriye kahanane nalika ngundha layangan?

Posting Komentar



Jam

Kalender

Diberdayakan oleh Blogger.

Followers

About Me

Foto saya
nama : Gabriel Jorgy T status : Pelajar selebihnya : hanya Tuhan yg tau .haha
 
 

Diseñado por: Compartidísimo
Con imágenes de: Scrappingmar©

 
Ir Arriba