ing tengah bulak
wayah ketiga ngerak
anteng mbrengengeng
kinubengan langit biru tanpa sesulak
mega putih tipis tipis
mesem krungu tembang kekidungan
ngundang barat gedhe ,ngancik wayah sore
tangan tangan kasar
ngelur kenur, dodogane mumbul
anteng mbrengenge sowangane
pak tani ayem
panggone bingar
srengenge angslup
layangan mudhun, warna peteng tumurun
cumanthel cagak, ngaglah
kasentor ublik katon gagah
pak tani bungah
iki kang daktemu ing kene, mitraku
ngundang layangan tanpa pamrih
benang lan kemenangan
oyak oyakan dluwang
ing kene layangan anteng, sowangan mbrengengeng
kenure senar tanpa gelasan
ana ndhuwur ajak memitran
apa kowe nate weruh
Bendo, akhir September 1972
Dening : Sri Setyo...
Minggu, 18 Desember 2011
Kere Pinggir Dalan
Diposting oleh gabriel World | di 21.33 | 1 komentaring kutha tengah wengi
delengan sing padha turu gumletak
neng pinggir dalan
turu kepati
kinemul mendung kekancan ratri
saya bengi saya adhem
lan ati kekes dadi siji
jroning atiku nangis
ndeleng dheweke turu
ana ing dalan dalan
tanpa ana sing nggatekake uripe
bedhug subuh keprungu ing pungkasane wengi
sing padha turu kepati banjur tangi
amarga kawiyak sunaring srengenge
lan wis wayahe luru golek urip
dheweke iku padha karo kowe
nggolek pangan isuk lan bengi
tanpa migatekake wayah
anggitane : Dwi Lestari &nbs...
Kamis, 08 Desember 2011
Diposting oleh
gabriel World
|
di
19.45
|
0
komentar
leer más...
GEGURITAN
Geguritan iku kalebu puisi gagrak anyar kang sifate bebas .Tegese geguritan ora kaiket pangeran tartantu .Kajaba iku uga bisa duweni titikan, ing antarane : ukarane endah lan cocog karo isi karangan .Tembunge pinilih ,mentes tur bisa nuwuhake wirama kang endah .Dadi yen kita arep nggawe geguritan ,kudu ngelingi bab-bab kasebut ...
Langganan:
Postingan (Atom)